Cari Blog Ini

Selasa, 12 Juni 2012

Rahasia Angka


oleh Wahyudi Pratama Suta
Katagori Penjabaran Pelayaran Samudra Bathin Pribadi

Selasa wage, 28 September 2010 jam 07.00 wib, aku tidak sengaja ada sesuatu yang merinding ditangan kiriku, tiba - tiba diantara kegundahanku aku mendengar ketukan suara dari dalam hatiku….ngger......!! ngger......!! Ono rahasiane ongko 1,2,3.4,5,6,7,8,9,0…………..serta merta bathinku saling bertanya jawab …..

  1. Ongko Siji iku tegese Tunggal, Esa weruhi Gusti kang Tunggal sing wenehi dalan sing lurus kanggo panguripan yo iku Alif, sing dadi manungsa………ing bumi mulya, mangkane dadio sing siji yo sing nunggal marang dalan sing lurus…yo Bagusing Atimu…..

  2. Ongko Loro iku tegese Awan lan Bengi, Lanang Wedok, Bumi Langit, Banyu lan Geni sing nggambarno sepasang kahanan ing bumi mulya, Gaib samar lan Nyata mangkane eling marang Uripe kudu Jangkep…Huuu………(allah), Rip ….(Nur Ahmad mulyo)………

  3. Ongko Telu iku tegese napase segitiga, Ngger…yo iku punjere pepundhen urip kudu ngerti marang Batara Guru, Batara Brama lan Batara Wisnu, Bapa, biyung lan anak, Manungsa karo Gusti (Gusti Allah), Manungsa karo Manungsa, Manungsa karo Alam, Bapa Angkasa, Bapa Biyung lan Ibu bumi, Tata, Titi lan Ngastiti……….Syariat, Hakekat, Makrifat, Iqra.…. Iqra,….. Iqra….., Roh sejati, Sukma sejati, lan Muhammad sejati….. 
     
  4. Ongko Papat iku tegese Sedulurmu sing Papat Kowe Lak wis weruh, Ngger…!!!
Yo iku malaikat Jibril yo Mutmainah, Yo Mikail Yo Lawwamah, Yo Isrofil Yo Supiyah, Yo Izroil Yo Amarah kuwi kudu mbok peper….dadi kudu iso melu kakarepanmu, iso ngengkrek hawa nepsumu ben kowe iso duwe Budi luhur, Daya luhur, lan Pekerti luhur kanggo patrap ing bumi mulyo…
  1. Ongko Limo iku tegese kowe wis dadi Pancer ksatrio sing iso nyetir panguripanmu golek kamulyan ing bumi mulyo kowe wis duwe kereta kencana jaran papat kelir abang, ireng, kuning, lan putih wis kowe taklukne, nandi wae golek kamulyan wis penak, nyandang cukup…
  2. Ongko Nem iku tegese Manembah dumateng Gusti kang Moho Suci, yo anyuceni jiwo lan rogo, yo nyuwun pangapura marang sedoyo lepat lan luput, lan tunduk marang titahing Gusti Suci tan Keno Owah
Lan Maturnuwun dumateng sedoyo rahmat lan nikmat sing sampun ditrami….., eling…eling…eling…eling…eling…eling….
  1. Ongko Pitu iku tegese Yen wuz eling lan nembah bakal tinemu wejang, pitutur kang becik lan iso ngadepi masalah-masalah ing bumi mulyo kanggo nglepas sengsaraning urip ben tetep rahayu nyandang kamulyan……yo ngger….!!!

  2. Ongko Wolu iku tegese Kowe wis wiridan Drajat Wolung Pangkat lan kowe biso lungguh, linggih lan lenggah dadi manungsa sejati sing rahmatan lil ‘alamin nyandang manfaat kamulyan ing bumi mulyo…………

  3. Ongko Songo iku tegese kowe tetep eling marang bolongan songo sing kerep tekone nafsu angkara, Karena kuwi lungguhne sedulurmu lan kowe kudu iso buka lan tutup bolongan songo mau neng panggonane dewe-dewe……….dadi tetepmu kowe lek dadi pimpinan iso Arif lan Bijak……….Eling, Eling!!

  4. Ongko Nol lek wis iso mlaku mulai siji nang songo yo mbalek nol, alam kosong, ora ono opo-opo……wis bisa Ning Sangkan Paraning Dumadi……..
Wiz yo eling-elingano wejanganku iki……

Sambil menyetir mobil aku terpaku diam dengan berdzikir dan menyebut Subhanallah…………matur nuwun Gusti…..., sehari ini hatiku terus merasa gundah dan terus menerus seperti ada yang ingin masuk untuk memberikan wejangan pada diriku, apalah dayaku kuteruskan saja mengikuti hatiku kemana akan pergi mengembara ke pangkuan ilahi……………….SUBHANALLOH….!!!!

2 komentar:

yossi mengatakan...

dalan kehidupan kita tidak selalu lancar n lurus karena kita bertemu dengan orang lain yang belum tentu mengerti dan mempunyai kesadaran yang sama, kadang kala mereka bersikeras dengan kebodohan mereka dan kadang mereka berani membohongi Tuhan yang mereka yakini dan imani demi mendapatkan sesuatu ... dan mereka berani teriak KAFIR terhadap orang lain tanpa berkaca pada diri mereka sendiri ... salam

BENARKAH BRAWIJAYA V MASUK ISLAM..??! mengatakan...

Semoga Tuhan memberkati Mas Yossi